Jumat, 17 Januari 2020

Panganan tradisional jawa

         Panganan Tradisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tertentu. Saben dhaerah biasane kanggungan pangganan kondhang lan dadi ikon daerahe. Kaya coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padang lan sapanunggale.

Tuladha Panganan Tradisional




                                           Klepon

        Klepon nggeh menika satunggal tedhan tradisional ingkang kedamel saking uwos ketan ingkang di bentuk kados bal lit kaliyan isi gendhis Jawi lajeng digodhok lebet toya lan dipuncawisaken kaliyan parutan krambil.

        Klepon ngrupikaken salah satunggal saking aneka jajan peken uga paling kathah dipunremeni amargi nggadhahi sifat ingkang khas menawi dipuntedha, yaiku muncrat gendhisipun uga raosipun legi, gurih uga eca. Cara nedha klepon yaiku setunggal wiji klepon dipuntedha lebet sapisan kajengen gendhisipun mboten jenes.

Nemokake nilai nilai kang kamot ing teks:

• Digawe saka glepung beras ketan lan diisi gula jawa.
• Klepon lumrahé mung ana rong warna ya iku ijo lan putih.
• Klepon iku wanguné bunder lan anggoné mangan nganggo wur utawa klapa kang diparut.











Kamis, 16 Januari 2020

Sandhangan Aksara Jawa



Aksara jawa

           Aksara jawa minangka turunan saka jinis Brahmi. Skrip jinis iki wis suwe digunakake ing macem-macem wilayah ing Nusantara. Antarane wilayah sing nggunakake skrip jinis iki yaiku Jawa, Makassar, Sunda, Melayu, Sasak lan umume digunakake kanggo nulis jinis karya sastra sing nggunakake Basa Jawa.


 Sandhangan aksara cakrakan dan aksara pasangan






¤ Aksara Swara



Aksara Swara yaiku jenis aksara sing digunakan kanggo nuliske jenis huruf vokal soko bentuk kata serapan dari bahasa asing supaya pelafalannya Dadi lebih tegas.


¤ Aksara Murda dan pasangannya





¤ Aksara rekan



Aksara rekan yaiku aksara kang direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe aksara kang bisa katulis nganggo aksara jawa.





















Selasa, 14 Januari 2020


Kautamaning Urip


                                  


      

          Serat Wedhatama iku karya susastra Jawagagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa. Teks iki ditulis dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunagara IV. Tembung Serat Wedhatama dumadi saka telung wanda, yaiku: serat, wedha lan tama. Serat, tegese tulisan utawa kasusastran, wedha, tegese kawruh utawa ajaran, lan tama, dumadi saka tembung utama kang tegese apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duweni pangerten: siji susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripe manungsa.

         Serat Wedhatama gadhah 14 pada (Tembang Pangkur), 18 pada (Tembang Sinom), 15 pada (Tembang Pucung), 35 pada (Tembang Gambuh), lan 18 pada (Tembang Kinanthi).

Tuladha:

                                Sinom
                     Nuladha laku utama
             Tumraping wong tanah jawi
       Wong agung ing ngeksiganda
                  Panembahan senopati
                        Kepati amarsudi
             Sudaning hawa lan nepsu
                         Pinesu tapa brata
                 Tanapi ing siyang ratri
         Amamangun karyenak tyasing
                                Sesama
                             

√ Pupuh sinom ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 18 pada (bait). Sapada tembung sinom kiwa ikikawiwitan saka tembung 'nulada' tekan tembung 'sesama'.
√ Guru gatra yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada sinom ana 9
√ Guru lagu yaiku wewaton dhong- dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang sinom yaiku a,i,a,i,i,u,a,i,a
√ Guru wilangan yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra(larik). Dadi, guru wilangane tembung sinom 8,8,8,8,7,8,7,8,12.
√ Supaya gampang dieling-eling
 Guru wilangan, gatra lan lagune tembung sinom yaiku: 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a.


Nulis cakepan tembang sinom
         Nulis tembang macapat, klebu tembang sinom iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing duwur yaitu guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang macapat(sinom), wiwitana kanthi gawe ukuran bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembung utawa ngowahe papane tembung. Cara-cara iku kayata: purwakanthi swara, purwakanthi sastra,purwakanthi yogyaswara, baliswara,dasanama lan sapanunggale.






https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Serat_W%C3%A9dhatama

https://www.google.com/amp/s/budayajawa.id/amp/serat-wedhatama-pupuh-gambuh-dan-gancaran-artinya-pada-18-pada-35/

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA

Senin, 13 Januari 2020


Pranatacara






             MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranataca kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo prantacara gumantung karo upacara.

            Pranatacara nyepeng peranan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancak, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Saksinteno kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan mboten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.

MBEDAH KAIDAH PRANATACARA
Urut- urutane teks pranatacara
1. Salam pembuka
2. Atur pamuji
3. Atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. Wedharing gati
5. Atur nyuwun pangapura
6. Panutup
7. Salam penutup

MACA TEKS PRANATACARA
1. Pangucapane kang trep
2. Pamedhote ukara kang trep
3. Intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
5. Swara kang cetha
6. Ngatur alon lan cepete pamaca
7. Ngolah treping mlebu wetuning napas
8. Mahami wacan
9. Pracaya marang dhiri pribadi

TEKS  PRANATACARA (PEMBAWA ACARA) PERPISAHAN

Assalamu’alaikum Wr.Wb
            
Bapak Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani. 

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng  Gusti Allah, ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara,  inggih menika : 

1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif  1 Wates
6. Panutup

Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun.

Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas XII, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara  ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin.  Matur suwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.








https://ngudang.blogspot.com/2016/08/contoh-teks-pranatacara-tentang.html?m=1

Sumber: Buku Basa Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA

Minggu, 12 Januari 2020


Alam Sawegung (geguritan)


                                 





A. Pengertian Geguritan

Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa biasa wae.

Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.

B. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan- perangane

    Supaya bisa nemokake isine geguritan:
    1. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni
    2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg.          (//).
    3. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar,              utawa lambang.
    4. Golekno pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
    5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake.             karepa.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan.             pranatan utawa aturan

     1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu lan.                   sapanunggale.
     2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
     3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan.                               sapanunggale).
     4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, nyindir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.


D. Jenis - jenis Geguritan

    Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :

    • Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif).
    • Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif).
    • Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran.


E. Syarat syarat maca Geguritan

    Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco            geguritan . Syarat syarate yaiku :

    ~Wirama --> Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.

    ~Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan

    ~Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan

    ~Wicara --> lancar orak e moco geguritan


F. Tuladha Geguritan
 
   Apa bedane prosa karo puisi
   Bedane ana ati
 
   Apa bedane ati karo gori
   Bedane mung prakasa

   Bedane mung prakara bumbune
   Bedane apa bumbune karo sing dibumboni
   Bedane rak mung ana ing wadhah
   Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
   Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

   Lha apa bedane manungsa karo kewan
   Ah iku urusane Pangeran
   (Mbangun Tuwuh, angka 138)





Sumber: buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA

https://gudangpustakailmu.blogspot.com/2016/11/geguritan-puisi-bahasa-jawa.html?m=1