A. Pengertian Geguritan
Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa biasa wae.

Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.
B. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan- perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan:
1. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni
2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg. (//).
3. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
4. Golekno pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake. karepa.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan. pranatan utawa aturan
1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu lan. sapanunggale.
2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan. sapanunggale).
4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, nyindir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.

D. Jenis - jenis Geguritan
Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
• Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif).
• Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif).
• Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran.
E. Syarat syarat maca Geguritan
Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :
~Wirama --> Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
~Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
~Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
~Wicara --> lancar orak e moco geguritan
F. Tuladha Geguritan
Apa bedane prosa karo puisi
Bedane ana ati
Apa bedane ati karo gori
Bedane mung prakasa
Bedane mung prakara bumbune
Bedane apa bumbune karo sing dibumboni
Bedane rak mung ana ing wadhah
Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
Lha apa bedane manungsa karo kewan
Ah iku urusane Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)
Sumber: buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
https://gudangpustakailmu.blogspot.com/2016/11/geguritan-puisi-bahasa-jawa.html?m=1

👍
BalasHapusBagusss
BalasHapus👏👏
BalasHapusKeren
BalasHapusBagus materinya
BalasHapusMudah dipahami
BalasHapus👍👍
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus